Takoyaki kuwe apa jane??

Takoyaki adalah salah siji jeneng panganan, asale sekang daerah Kansai nang negara Jepang, wujude ondol ondol cilik kira-kira bundere 3-5 cm, degawe sekang adonan terigu de isi potongan gurita. Tapi  nang indonesia, khususe nang purwokerto karena adoh laut trus gurita larang regane dadi isine wis de modifikasi  werna-werna isine, ana keju, ana cumi,ana urang, ana ayam dan  masih akeh maning. Terus cara penyajian takoyaki kuwe de crut'i saos takoyaki, mayones terus de taburi aonori karo katsuobushi.
 Katsoubushi adalah panganan awetan, bahane sekang iwak cakalang (katsuo) wujude kaya serutan kayu, katsuobusi kuwe adalah bahan dasar panganan Jepang, biasane katsuobushi de 'nggo go taburan nang nduwur panganan jepang, bisa uga de gawe kaldu 'nggo penyedap rasa.
Aonori kuwe adalah salah sijine jenis nori sing di gawe sekang ganggang laut utawa suket laut (seaweed). Aonori wujude bubuk kasar sekang ganggang laut utawa suket laut, warnane ijo tua ke ireng - irengan.
Aunori biasane de 'nggo go taburan panganan jepang.

(Sumber : wikipedia & Detik Food )


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Takoyaki kuwe apa jane??

Takoyaki adalah salah siji jeneng panganan, asale sekang daerah Kansai nang negara Jepang, wujude ondol ondol cilik kira-kira bundere 3...